Materi Basa Jawa

Saloka, Bebasan lan Paribasan

dening Narno Suseno, S.Pd

Pangertosan

🌿 Saloka

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, kang diibaratake kahananing wong utawa kahanan. Sing dadi inti yaiku wonge (manungsane).

Tuladha: "Kebo nusu gudel" → Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.

🌾 Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, kang ngibaratake kahanan utawa sipating wong. Sing dadi inti yaiku kahanan utawa sipate.

Tuladha: "Kaduk wani kurang dedel" → Wong kang wani nanging kurang kapinterane.

💎 Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges wantah (lugu/langsung), ora ngemu teges entar (pepindhan). Isine pitutur, piweling, utawa pasemon.

Tuladha: "Becik ketitik ala ketara" → Tumindak becik bakal katon, tumindak ala uga bakal katon.

📌 Bedane

Jinis Inti Teges
Saloka Wonge (manungsa) Entar (kiasan)
Bebasan Kahanan/sipate Entar (kiasan)
Paribasan Pitutur/piweling Wantah (lugu)