Apa ta Cangkriman?
Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa ditebak maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa teka-teki.
Cangkriman kalebu salah sawijine kasusastran Jawa kang asipat dolanan. Biasane cangkriman digunakake kanggo gegojegan utawa ngraketake pasrawungan.
Titikane Cangkriman:
- Awujud ukara pitakon
- Ngemu teges kang sinandi (tersembunyi)
- Wangsulane kudu ditebak
- Kanggo sarana dolanan lan gegojegan